Tuesday, April 14, 2020

GORO2 DO WATON POSTING

GORO2 DO WATON POSTING

Judulé: Goro goro do waton posting.

- Diomongi kon ngombe peresan daun pepaya, ... Yo diombe.

- Diomongi ngombe wedang jahe + sëre + jeruk lemon, ... Yo diombe 

- Diomongi ngombe vit C + vit E dosis tinggi, ... Yo diombe 

- Diomongi ngombe deplokan bawang putih + madu + jahe merah, ... Yo diombe 

- Diomongi i ngombe rebusan   godong sirzak + godong salam , ... Yo diombe 

- Diomongi minum empon empon, ... Yo diombe 

- Diomongi  kon mangan  lodeh .. Saben dino lawuh lodeh nganti gumoh

- Diomongi kon mangan kulit jeruk, ... Yo di pangan...

- Diomongi nyunduki brambang mentah, ... Yo terus nyunduki saben dino 

- Diomongi ngombe juss jambu kluthuk , ... Yo diombe 

Nganti saben bar adus tak sawang sawang, wetengku tambah minthi-minthi, tur meling-meling ...

Ono sing kongkon dhèdhè jam 10, ono sing konkon jam 13, malah ono sing konkon dede 10 jam yo tak lakoni..  bar dhèdhè ... wetenge minthi2 tur awaku dadi i ireng ..meling meling koyo dipernis. Ngono yo manut wae ...

Ono sing kongkon ra entuk nyekel hp.. nganggo jam tangan .. nganggo perhiasan nek metu omah .. yo manut wae

Ono sing ngongkon ojo ngetok2ke nek sugih duwe duit yo manut wae

Suwe suwe mlh koyo wong Pekok.. minthi2 ... ireng ... tur kere .. 

Mbok do ojo waton posting to mas, mbak marai bingung jé


No comments:

Post a Comment