Saturday, December 18, 2021

PENSIUNAN WONG SOLO

NALIKA bus Semarang - Solo tekan terminal Tirtonadi, banjur diserbu tukang ojek.

"Ojek, Pake ?"

Aku noleh. Saeba kagetku jebule sing nawani bocah wadon umur sekitar 30 tahunan. Dheweke nggawe jaket kulit warna coklat, ngepres. Ngono isih ditambahi sal biru sing nggubet ing gulune. Dedege sedheng, bocah wadon kuwi dhuwure udakara 160-an senti. Kanthi ngganggo clana jeans ireng tampilane katon pantes banget.

"Kula betakaken nggih, Pak...." clathune banjur ngangkat karton wadah jajan lan buwah gawanku, age-age wanita kuwi marani  N'MAX sing diparkir nang mgisor uwit.

"Endi tukange ojek, Mbak ?" takonku.

"Nggih kula piyambak lho, Pak"

"Hah ??"

"Wonten menapa, Pak ?" 

Aku meneng. Mesthi wae semu gumun. Racake tukang ojek ki priyayi kakung. Iki kok cah wadon, ayu pisan. Pawakane lencir kuning. Nalika bukak maskere sing ngalangi panyawangku, aku mlongo. Lha piye, jebul meh kaya Amanda Manopo, bintang sinetron _Ikatan Cinta._ Jiblles. Ora slewah.

"Mangga, Pak...." clathune sing gawe aku gragapan. Dheweke mesem. 

"Aku tak sing ning ngarep ya, Mbak ?" jareku usul.

"Hehee...." bocahe mung mlengeh karo ngulungake kunci kontak lan heleme. 

"Kakunge tindak ngendi Mbak, kok slirane ngojek dhewe?" takonku ing sela-selane mesin sepeda montor sing ngleser ana dalan.  Ora maido montor anyar. 

"Napa, Pak ?" 

"Garwane kerja ning ndalem ya,  Mbak ?" takonku setengah nylidhiki. Kok kaya intel, batinku, hehe....

"Sampun boten gadhah, Pak ...." 

"Innalillahi, wis seda, ye ?"

"Dirayah tiyang sanes...." jawabe lirih karo ngguyu ning aku isih tengen.

"Astagfirullah ...."

"Kersane, ta, Pak, kula trimah. Mbokbilih sampun lakon ...." bacute sajak legawa. 

"Terus ....slirane karo putrane, ya ?"

"Dereng gadhah, Pak...." muni ngono sepeda motore nerak _zebra cross_ nganti njondhil lan dheweke spontan ngrangkul bangkekanku. 

"Sorry, Mbak, ora weruh, e. " jareku. Bocahe mung ngguyu. 

Ora krasa wis tekan ngarep ngomahku. 

"Tak aturi pinarak sik, Mbak, ayo dilebokne ngomah barange. "

"Injih, Pak ...." muni ngono karo ngangkat kartonku. Banjur mlebu ana ruang tamu.

'Oh, iya. Asmane sapa, slirane ?"

"Kula DINA, Pak ...."

"Mbak DINA ngersakne unjukan adhem apa anget ?" pitakonku.

"Wadhuh, boten sisah, Pak ...."

"Wis kadhung ki" jareku karo nggawa jus jeruk sing mentas tak jupuk saka kulkas.

"Ayo, diunjuk,

"Injih, Pak .... Ibuk tindak pundi, Pak ?" pitakone. Aku unjal ambegan, sadurunge njawab bloko.

"Ibu wis kapundhut, wis meh nyewu, kok. Aku ya ijen. Anakku telu wis padha mentas, kabeh digawa bojone dhewe-dhewe. Hehee ...." guyuku sepa.

"Lajeng Bapak taksih ngasta ?"

"Wis pensiun, telung taun kepungkur. Trus slirane yen ngojek ya 'siang-malam' ta, Mbak ?" aku nyoba ngalihne ukara.

"Boten. Namung siyang, Pak ...." ngakune.

"Iya. Kuwi luwih prayoga. Jalaran slirane ki, nyuwun sewu, ayu. Jujur sakjane aku ora lila yen dadi tukang ojek senajan kuwi pegaweyan halal." bacutku.

Dina dhingkluk. Katon rikuh. 

"Wis terus pira ongkose mau ?" punggelku.

"Sakersa, kula dherek...." jawabe. Aku ndudut lembaran abang saka dompet banjur tak lungne.

"Wah, boten wonten wangsulipun, Pak...." ucape Dina.

"Wis diasta wae, ora usah disusuki. Minangka simpatiku marang slirane."

"Nanging...."

"Nanging, ora apa-apa, Mbak DINA ?"

"Kula.... boten sekeca, Pak...." guneme rikuh. Aku meksa tak kon nampani. DINA, makaping-kaping anggone ngucapake rasa syukur. 

***

WIWIT kuwi DINA dadi langgananku. Malah kerep tak aturi mapag barang. Yen ora sambang putu, ya lungan njaban kutha.

Sore kuwi udane kaya disok saka langit. Ngandeg anggonku arep lelungan. Kamangka DINA wis ana omahku, njemput. 

"Lajeng kadospundi, Pak ? jawahe sajake deres, 

"Ora apa-apa. Ning kene wae. Ora usah kesusu. Aku seneng yen ketemu sliramu. " jareku apa anane.

DINA mung mlengeh.

"Umpama saiki slirane ora usah ngojek, piye ?" takonku sabanjure.

"Lho, sampun pedamelan kula, lho, Pak ...."

"Bener. Ning kaya-kaya aku ora lila yen slirane ngojek. Aku...." suaraku kandheg ing gulu, "Aku pengin slirane ana omahku kene ngganteni swargine ibune...." bacutku jujur.

DINA dhingkluk sawetara. Katon praupane semburat jambon. Banjur dhangak nyawang aku, katon rikuh banget malah kepara kisinan.

"Aja kok jawab saiki Din, iki dudu crita cekak sing ngayawara, utawa wacan instan, ning kasunyatan. Bab ati lan privacy ...." tembungku sareh.

"Injih, Pak .... kula nyuwun wekdal sawetawis njih? Badhe nglaras manah rumiyin ...."

"Ning aja suwi-suwi ya, jawabe ?"

"Injih, Pak ...."

"Nanging sabisa-bisa jawaben. Yen ora sarujuk, aku ora gela. Tenan, kok ,..."

"Injih. Sembah nuwun njih, Pak, kula Badhe nyuwun pamit rumiyin...." kandhane. Udane wis terang. Malah srengengene katon semburat. Wis keplorot ana langit kulon.  Ngacik wayah sore ....   

***

MEH setengah wulan suwene ora ana kabar saka DINA. Nalika tak hubungi hapene ora aktif. Aku ora gela. Pancene sing kleru aku, kok kaya kebo nantang pasangan, utawa sing pas kaya wong cebol nggayuh lintang. Utawa maneh, gaplek pringkilan .... wong wis tuwèk petakilan, batinku. Hahaaa ....! 

Bubar sholat jama'ah saka langgare Kyai Zaenal Fanani, aku  nyandhak sepeda motor. Kangen putu. Wis sepasar iki ora ketemu, lucune putu kaya gawang-gawang ing mripatku. Honda Vario-150 tak gelak nyuwek bulak Jiwut sing sepi. Apa maneh wayahe wis bakda Ngisyak, mentas udan pisan, sadawane dalan katon samun. Tekan kidul makame Pasar Gede, aku mandheg, arep tuku jajane putuku dhisik. Senengane 'Silver Queen' lan 'Oreo'. Durung nganti mlebu swalayan krasa hape sing ana kanthong jeans kedher ambal-ambalan. Banjur tak priksa, DINA !.

"Assalamu'alaikum, Bapak ...."

"Wa'alaikum salam .... slirane ta Cah Ayu?" 

"Injih, Pak..." swarane cemlengking. 'Nyuwun duka lho, Pak.... kula nembe matur samenika ...." 

"Iya. Ora dadi apa, DIN. Aku wis krasa yen slirane ora sarujuk. Aku sing nyuwun pangapura ya, DIN ...." jareku apa anane.

"Lho.... lho .... kok Bapak dhawuh ngaten ?"

"Lha piye, ta, Cah Ayu. Rak ya bener ta ?"

"Boten leres !"

"Lire piye ?"

"Kula .... kula...." durung tutug anggone tilpun kesusu hapene mati. Tak bel bola-bali ora kena. 

"Mbak pulsa 50 ribu ke nomor ini !" uniku menyang kasire swalayan. Nomere DINA.

"Ngapunten Bapak nembe pulsanipun telas. Matur sembah nuwun transferipun pulsa he hee ...."

"Iya, Cah Ayu .... terus piye bacute ...." takonku ora sabar.

'Kula .... kula .... dherek kersanipun Bapak ...." swarane karo nangis.

"Lho, ngapa kok nangis Cah Ayu ....?"

"Kula .... kangen, Pak ...." jawabe. Jawaban sing ringkes. Kanggeku wis cukup sakabehe.

Kutha Solo wis sepi. Putuku palinga wis babuk. Ning atiku wis ayem. Seneng banget. Nganti ora krasa aku rengeng-rengeng dhewe kaya wong edan.

"Senajan kowe ngilang ra bisa tak sawang, nanging ning ati tansah kelingan ...." Heheee .... 

Trus lamat-lamat aku krungu suworo......mbahkung.... mbahkung.... wungu mbah.... Tibake putuku nggoyok² awakku

Halaaahhhh, tibak'e ngimpi to iki mau.

Buat para pensiunan, iambil dari cerita pendek  O  J    E    K

No comments:

Post a Comment