Monday, December 14, 2015

SEJATINING SEPUH

SEJATINING SEPUH (BERIKUT TERJEMAHAN)
Nyuwun duko menawi lepat.
Dados sepuh punika prekawis ingkang sok boten gampil. Tuwa ateges ngenteni metune nyawa, malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun.
Pramila, sanadyan sampun sepuh/adiyuswa, kedah ngudi supados boten ngantos kekirangan pangertosan.
Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saget dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih punika:
Ingkang sepisan
Rumaos "wis tuwa gerang (segere arang2), wis loyo, lara2nen, wis ora bisa apa2, wis ora nduwe apa2 lan wis dudu apa2 maneh".
Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepa, lir sepah samun.
Sepi tegesipun rumaos tanpa kanca tanpa kanthi, rumaos namung gesang piyambakan.
Sepa tegesipun gesang boten ngraosaken sakeca, dahar ngunjuk boten kraos eca, lenggah, tindak, sare, inggih boten kraos sakeca.
Sepah, rumaos kados sampah tanpa ginanipun ing bebrayan.
Samun, rumaos tanpa aji, kabucal saking bebrayan.
Tiyang makaten punika lajeng nuwuhaken semplah ing manah. Minggahipun frustrasi wusana lajeng depresi. Tiyang makaten punika sagetipun namung sambat, boten saget ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.
Ingkang kaping kalih,
Tiyang sepuh ingkang ing pakempalan tumindakipun gonyak ganyuk ngisin-isini.
Gonyak ganyuk tegesipun pangandika lan tumindakipun boten trep kaliyan kasepuhanipun.
Amargi rumaos "bisa" lajeng kekathahen pangandika, mituruti pamanggihipun pribadi. Boten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng pangalembana.
Tiyang sepuh ngaten punika winastan gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.
KADOSPUNDI DADOS TIYANG SEPUH INGKANG SAESTU?
Gambaran sejatining sepuh inggih punika:
Waspada ing semu, tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan boten kawedaraken.
Sinamun sinamudana, tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun boten dipun umukaken. Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi cara ingkang ngremenaken, boten ngremehaken.
KADOSPUNDI CARANIPUN DADOS SEJATINING SEPUH?
#1. Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri) mangertosi kekiranganipun diri.
#2. Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti, ateges taksih kedah makarya. Wujuding pakaryan saget punapa kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae. Kadosta: ulah tetanen, nganggit lagu, geguritan,  paguyuban karawitan, masak lsp.
#3. Kangge nyengkuyung mindhaking pangertosan, sae menawi tansah sinau. Sinau punika saget kanthi maos buku2, ugi srawung kalian kanca. Sinau punika maedahi kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah.
Semangat sinau ugi dados tulada tumrap putra wayah. Sing tuwa wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone sinau.
Wasana Lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten.
Waosan: SERAT WEDHATAMA anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV.
Terjemahan
"SEJATINING SEPUH" (Bagaimana Seharusnya Menjadi Orang Tua)
Menjadi orang yang sudah tua bukan perkara mudah. Tua punya arti menunggu kematian, bahkan ada yang menjadi pikun dan banyak lupanya.
Oleh karena itu meskipun sudah tua/ usia tinggi, harus belajar agar tidak kekurangan ilmu pengetahuan.
Orang tua yang kurang pengetahuan, bisa jatuh dalam keadaan yang ekstrim, ada 2 yaitu :
Pertama :
Merasa sudah tua ngurak, loyo, sakit-sakitan, nggak bisa ngapa-ngapain, nggak punya apa-apa dan sudah bukan apa-apa lagi.
orang tua yang demikian merasa SEPI, SEPO, LIR SEPAH SAMUN.. 
SEPI artinya tanpa teman dan pendamping, merasa sendirian.
SEPO artinya hidup merasa tidak nyaman, makan minum tidak enak, dan duduk, berjalan, tidur pun juga tidak terasa enak.
SEPAH terasa bagaikan sampah yang tidak berguna lagi dalam kehidupan bermasyarakat.
SAMUN terasa tidak punya harga diri lagi, tersingkir dari kehidupan bermasyarakat.

Orang tua yang demikian akan menimbulkan hati yang sumpeg. Akhirnya frustasi kemudian depresi.
Orang tua yang demikian bisanya hanya mengeluh, tidak bisa bersyukur atas pemberian Allah Subhanahu wa ta’ala.
Kedua :
Orang tua yang tingkah-lakunya di perkumpulan (organisasi) gonjak ganjuk sangat memalukan.
Gonjak ganjuk artinya pembicaraan dan tingkah-lakunya tidak sesuai dengan usianya yang sudah tua.
Karena merasa bisa (pandai/ mampu) terus banyak ngomong menuruti pendapat pribadinya, tidak mau dibantah (tidak bisa diskusi) karena haya selalu mencari sanjungan orang lain.
Orang tua yang demikian bisa dibilang sakit post power syndrome, karena sudah kehilangan kekuasaannya.
BAGAIMANA SEHARUSNYA MENJADI ORANG TUA ?
Ilustrasi bagaimana orang tua yang seharusnya, adalah :
Waspodo ing semu, artinya memahami kemauan orang lain meskipun kemauannya tidak diutarakannya.
Sinamun sinamudono, artinya meskipun pandai tetapi selalu disimpan dalam hati. Kepandaian dan kompetensi tidak diperlihatkan dengan sombong. Tetapi ketika diminta pendapat, dalam menyampaikan pendapatnya dilakukan dengan menyenangkan dan tidak menyepelekan.
BAGAIMANA SEHARUSNYA CARA MENJADI ORANG TUA?
#1. Harus dimulai dengan interospeksi terhadap kekurangan atas dirinya.
#2. Karena masih diberi hidup oleh Allah Subhanahu wa ta’ala, harus tetap berkarya apapun pekerjaannya, dan disarankan lebih baik yang berhubungan hobby. Contoh : berkebun, bermusic, menulis buku, memasak dsb.
#3. Untuk mendukung bertambahnya pemahaman ilmu pengetahuan, sebaiknya tetap selalu belajar. Belajar bisa melalui baca buku, juga silaturahmi dengan temen2 (S3). Belajar akan bermanfaat untuk mencegah  kepikunan mengingat belajar akan selalu mengasah pikir.
Semangat belajar juga akan berpengaruh menjadi suri teladan bagi anak cucu.
Wasana Lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten.
Sumber: SERAT WEDHATAMA anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV.

No comments:

Post a Comment