Tuesday, July 19, 2016

FALSAFAH RONGGO WARSITO

Falsafah Ronggo Warsito
Falsafah RONGGO WARSITO ..untuk mengingatkan kepada kita semua...
Rejeki iku ora iså ditiru.. – Rejeki itu tidak bisa ditiru
Senajan pådå lakumu – Walau jalannya sama
Senajan pådå dodolan mu - Walau jualanmu sama
Senajan pådå nyambut gawemu - Walau pekerjaanmu sama
Kasil sing ditåmpå bakal bedå2 – Hasil yang diterima akan berbeda satu sama lain
Iså bedå nèng akèhé båndhå – Bisa lain dalam banyaknya harta
Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati, yaiku sing jenengé bagja – Bisa lain dalam rasa bahagia dan ketenteraman hati, yaitulah rasa bahagia
Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså – Semua itu atas kasih dari Allah Yang Maha Kuasa
Såpå temen bakal tinemu – Barang siapa bersungguh-sungguh akan menemukan
Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå – Barang siapa berani bersusah payah akan menemukan kemuliaan
Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi – Bukan banyaknya, melainkan berkahnya yang menjadikan cukup dan mencukupi
Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså – Sudah digariskan oleh takdir bahwa semua yang bahwa semua yang hidup itu sudah diberi bekal oleh Yang Maha Kuasa
Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané – Jalan hidup dan rejeki sudah tersedia, dekat, seperti udara yang kita hirup setiap harinya
Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå – Namun kadang manusia silau mata dan gelap hati, yang jauh kelihatan berkilau dan menarik hati... Tetapi yang dekat di depannya dan menjadi tanggung jawabnya disia-siakan seperti tak ada gunanya.
Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati – Rejeki itu sudah disediakan oleh Allah, tidak bakal berkurang untuk mencukupi kebutuhan manusia dari lahir sanpai mati.
Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet – Namun kelau menuruti kemauan manusia yang tidak ada batasnya, semua dirasa kurang, membuat ruet di hati dan pikiran
Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå  waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné – Petuah orang tua, jalanilah apa yang ada di depan mata dan jangan terlalu berharap lebih untuk yang belum ada. Kalau memang milikmu pasti akan ketemu, kalau bukan jatahmu, apalagi sampai merebut jatah orang lain memakai cara yang tidak baik, itu akan membuat hidupmu merana, sengsara dan angkara murka. Semua itu akan sirna kembali ke asalnya.
Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé – Andaikan ketentraman bisa dibeli dengan harta, alangkah sengsaranya orang yang tidak punya.
Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng   tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang Gusti Kang Murbeng Dumadi - Untungnya ketenteraman bisa dimiliki oleh siapa saja yang tidak mengagungkan keduniawian, suka menolong orang lain dan berserah diri kepada Allah Yang Maha Kuasa 

Monggo dipun resapi... Sugeng enjang

No comments:

Post a Comment